Rabu, 10 Februari 2010

Geguritan

KAPANG

Dak gadhang wiwit cilik mula
Kembang arum ndalu kang semi
Ing pojoking ati
Dadya kembang reroncening jiwa
Dadya bukti kasetyan jati
Nanging yagene
Kasetyanku kabuncang prahara
Kembang arum ndalu gogrok tanpa warta
Ing pucuking laku ngambah bebrayan
Tanpa tidha-tidha
Nimas
Sakjroning wengi-wengi sepi
Dak gagapi lelakon endah siji mbaka siji
Kapang kang cumondhok ing telenging ati
Sumimpen tanpa piniji
Minangka pisungsunku marang sliramu
Bareng donga pamuji
Muga-muga suwargane Gusti Kang Murbeng Dumadi
Dadya panggonmu kang sejati
Nimas
Ing pojoking ati
Wangi kembang arum ndalu tak enteni
Minangka srana tumrapku
Ketemu sliramu.


( Derap Guru Edisi 28/Th.III/Mei 2002 )
















TRESNAKU SAMADYA

Wengi kang liwat jroning sepi
Atis kang ngekep anggamu
Nora kok gawe rasa
Temlawunge panalangsamu
Gawe geter lintang-lintang ing angkasa
Panjerite atimu
Gawe geter jagad sak isine
Nimas
Aja suwala saka rasa pangrasamu
Tresna kang ngrembaka ing telenging jiwa
Kang sumimpen primpen dadya melik pribadhimu
Yagene kok selaki?
Nimas
Nora dak pungkiri menawa tresnaku marang sliramu
Dudu tresna kang gumelar sejagad
Dudu tresna kang biru kadya langit
Uga dudu tresna kang anteng kadya segara
Tresnaku marang sliramu
Mung tresna samadya kang tumus saka ati
Kang nora duwe pengarep liya-liya
Kejaba uripmu mulya
Nimas
Aja suwala saka endahing rasa pangrasamu
Tak antu lumunture tresnamu
Bareng tekane srengenge


( Derap Guru Edisi 36/Th.III/Januari 2003 )
















KAPANGKU WUS NORA BISA DAK RAKIT GURIT

Jinurung kapang ing telenging ati
Rinengga tresna samadya
Dak pecaki maneh lurung-lurung suwung
Nggagapi lelakon kang tuwuri
Kakang
Rolas warsa lumaku tanpa werna
Kagawa tindakmu sowan mengayun
Wektu-wektu liwat tan kena oncat
Saka tetesing waspa panalangsa
Kapang kang ngrerujit
Wus nora bisa dak rakit gurit
Kakang
Kembang arum ndalu wus angambar
Nggawa crita tresna samadya
Lan rawat-rawat kidung kasmaran
Nanging sliramu nora bakal teka
Bareng tumiyupe angin sore
Kakang
Rinengga tresna samadya
Jinurung kapang ing telenging ati
Entenana lakuku
Lan bareng kanthen asta mecaki candhikala

(Derap Guru Edisi 45/Th.VI/Oktober 2003 )





















WILUJENG PURNA KARYA, BAPA


Kinepung katresnan jati lan kinasihan sagung mitra
Angger-angger jejer kukuh dadya pager
Sinartan tulusing manah manembah
Nandur kebecikan mring sapadha-padha, kagawa
Endahing pamitran lan pasendherekan
Nora kendhat ndhedher ilmu asung piwulang
Tumrap rowang, ngenthengken panandhang
Ajur ajer datan kekejer

Sinamun ing pakaryan gung
Prapta ing tengahing para dwija
Dadya patuladhan jroning gati

Duh kusumaning ati memanaking netra
Awrat anggonira ngaturaken sadaya kang dadi karsa
Ing bebrayan gung sawise purna karya
Nadyan perpisahan datan bisa suwala

Tanpa rinada tumetesing waspa
Ibarate yoga kecalan bapa
Gonjang-ganjing rasaning driya
Amarga tembung sagatra kang kudu kaaturna :
“Wilujeng Purna Karya, Bapa”



(Derap Guru Edisi 50/Th.V/Maret 2004)

















PENGGALANG SEJATI

Jinurung tekad jroning ati
Angger-angger jejer kukuh dadya pager
Mandhep mantep manah manembah
Berbudi laksana, dene
Obah mosoking pakarti
Rinegem subasita lan trapsila
Endah kang sarwa jinantra

Kinalungan kacu abang putih
Wruh marang sakabehing kautaman
Ajur ajer datan kejejer
Reroncen janji ing TRI SATYA
Cetha dadi ancas tujuwanne
Apa kang wus kaserat ing DASA DHARMA
Bisa tansah dadi paugeranne

Suci pikiran lan pakartine
Utamane tresna marang sapadha-padha
Kinarya patuladhan jroning gati
Ora candhala, cidra, lan narkoba
Hanengaken urip prasaja
Ayo, pramuka penggalang Kwarcab Sukoharjo
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Jejiban gung angantu kridharina
Openana IBU PERTIWI amrih raharja





















KIDUNG BUMI PERKEMAHAN

Jinantra ing cakra manggilingan
Anggonira labuh labet marang bangsa
Mecaki krikil lan padhas-padhas landhep
Bisaa ngungak kahanan kang bakal teka
Ora gampang nggayuh kautaman,sanadyan
Reretuning jagad durung anenulari
Endah lan lugu angen-angene para mudha

Kidung bumi perkemahan rawat-rawat
Wanci para waskitha lan winasis paring ujar
Adhedhasar niyat tulus suci
Rigen, tegen, tanggap, tangguh lan tanggon
Cukat trengginas ngayahi jejibahan
Asung piwulang mujudken praja mudha karana sejati ing
Bumi perkemahan kang gumelar adi

Samirana santer tumiyup nyangking crita
Usahane para pembina lan pramuka tlatah Sukoharjo
Kumandhange wus keprungu ing angkasa
Ontran-ontran narkoba lan tindak culika para mudha
Horeging jagad marga tindak asusila
Apa maneh tindak korupsi lan manipulasi
Resik saka jiwa ragane para pramuka
Jer TRI SATYA lan DASA DHARMA
Ora gingsir saka asta lan jaja





















NAWALA TUMRAP MITRAKU

Mitraku… .
nawala seta saka sliramu
Dak tanpa bareng gremis riwis-riwis
Kadya sira lagi tawan-tawan tangis
Marga jejibahan gung kang tanpa wis
Mitraku… .
Dak suwun kanthi ati suci
Weningna daharu jroning kalbu
Tatanen maneh penggalihmu
Jer dadi guru wus dadi pilihanmu
Sanadyan nora enteng tanggung jawab pakaryanmu
Mitraku… .
Guru kudu bisa digugu lan ditiru
Bisa nggulawenthah lan rumeksa
Uga kudu migunani lan rumangsa
Mitraku… .
Apa tega sira ninggal putra
Daksiya marang diri pribadhine
Daksiya marang sapadha-padha
Lan daksiya marang negarane?
Mitraku… .
Pilihanmu antepana
Kadya sira ngantepi jatu karma


















PEMBINA PRAMUKA MAHIR


Kinarya sasana minulya
Ujare ukara adi wus karakit
Reroncening paugeran kang kababar
Sinerat ing Anggaran Dasar lan Anggaran Rumah Tangga
Underane kabegjan lan kautaman
Sinamun ing Tri Satya lan Dasa Dharma

Miwiti lelabuhan marang bangsa
Ajur ajer datan kejejer
Hanggayuh endahing pasrawungan
Ing jroning pikiran, lesan, lan tumindhak
Resik kadya dlancang seta

Linambaran niyat tulus suci
Anggonira bekti mring sapadha-padha
Nadyan kudu mecaki padhas-padhas landhep
Jalaran wus jinantra ing cakra manggilingan
Utamane Pembina Praja Mudha Karana
Tansah dadi pathuladhan jroning ati
Angger-angger kukuh dadya pager, tuwin
Nengenaken tresna marang negara



Sukoharjo, Januari 2006
UMS Surakarta















CATHETAN KATUR BAPA

Duk rikala bapa dadi dwija, tansah sinudarsana
Rinegem angger-angger tan mingar-minger
Sinartan manah menembah mring kang maha kuwasa

Hanggayuh kabecikan lan kamulyan

Sinamun ing pakaryan gung
Labuh labet ing satengahing para dwija
Anggegadhang kautamaning gesang
Mersudi bekti marang ibu pertiwi
Endah kang sarwa jinangka
Tan kengguh sakehing godha rencana

Dadya patuladhan jroning ati
Andhap asor ruruh pakartine
Berbudi bawa leksana
Ing saklebeting pasrawungan
Nuhoni janji tuwin kewajiban

Tumetesing waspa datan rinasa
Ing telenging jiwa tangis manuhara
Gegantilaning manah kedah pinisah
Anggenipun makarya wus paripurna



Daimatu rokhmah,S.Pd.
SD Negeri Tempel
















DWIJA UTAMA

Dwija setya tuhu kang tansah sinudarsana
Rantamaning cipta, rasa lan karsa
Satuhu manunggal ing karya adi luhung

Hanenggih, nggayuh kamulyan lan kautamaning gesang

Samirana tumiyup nyangking crita
Lelabuhan kang sinamun ing pakaryan gung
Asung wewarah lan piwulang mring para dwija,bisaa
Mituhu tuwin mrantasi samubarang karya
Endah kang sarwa jinantra
Tulus, resik panggraitane lir dlancang seta

Puluhan warsa anggonira leladi marang nusa bangsa
Eguh, tangguh, tanggap, tanggon, lila legawa
Nindakaken kuwajiban tan kena gothang
Gegulang para siswa lan para dwija
Angesthi aruming jiwa raga manungsa utama
Winengku tekat ambangun bangsa
Ajur ajer datan kekejer, linambaran
Sifat berbudi bawa leksana

Kinarya patuladhan jroning gati
Endahing pasrawungan lan pasedherekan
Cinandra kadya bagaskara madhangi mayapada
Anggardha paramitha
Memayu hayuning bawana
Andhap asor luhur bebudene
Tan kengguh marang sakehing pakarti candhala
Adhedasar paugeran lan angger-angger, kang
Nora gingsir aka asta lan jaja

Gegantilaning manah memaniking netra
Amungkasi karya mecaki purnakarya, mugi
Tinebihna saking godha rencana
Anggayuh ketentreman, kamulyan, tuwin karaharjan
Kalampahan sedaya kang dados karsa

Gatak,15 Mei 2006
DAIMATU ROKHMAH,S.Pd.



PIWELINGE IBU KANG KAGUNGAN RESTU

Kinarya sesepuh kang sepi asepah samun
Amanat awrat rinuwat kanthi keblat
Kekudangane praja mudha karana tlatah Sukoharjo

Mardika mardikaning ati, menawa kinanthi
Obor panguripan Dienul Haq, minangka srana
Hanggayuh kautaman tuwin kasampurnan ing
Alam padhang tumekaning alam kelanggengan
Memayu hayuning bawana
Adhedasar tawasaobil haq wa tawasaobis shobri
Dadya patuladhan jroning gati
Trapsila, subasita, datan candhala
Obah mosiking pakarti mranani lan tansah nuhoni janji
Hanengenaken bekti bangsa, negara, utamane marang sapadha-padha
Asung pangayoman marang para kawula





























ATI SUWUNG

Dak gagapi wangsulanmu wingi
Ing antarane tumiyupe angin sore
Ing waliking mendhung mentiyung
Uga ing sajroning ati ing suwung
Nimas
Tresna samadya dudu crita ngayawara
Kapang kang ngrerujit dudu kidung kang kaanggit
Mangertiya, ing saben wektu esemmu ngreridhu
Liring netramu nggorehaken kalbu
Yagene endahing rasa kudu tak selaki?
Nimas
Kidung rawat-rawat joko kasmaran wus ilang kumandhange
Belik wus sepi saka prawan-prawan kemencur, nanging
Temlawunge panalangsaku nora kok glape
Ngantu tekamu bareng tekane srengenge
Nimas
Ing antarane mega lan candhik ala
Sliramu prapta alelewa kanthi nyangking tresna samadya
Ing asta kiwa
Nimas
Atiku suwung tanpa esemmu
Ragaku liwung tanpa gregetmu
Kapan tresna samadya lan kapang ing ati bisa nyawiji
Nggayuh kautaman lan katentreman gesang?

Katur Bunda Maya


















Minangka pisungsunku marang sliramu
Aruming tresna tanpa winates…..nadyan….
Ya mung tresna saka ati suwung,tanpa pengarep-arep…kajaba…
Anggegaghang ridhane Kang Akarya Jagad

Mesema bareng tumiyupe angin….
Adhepana dahuru kang ngreridhu
Rikalane waspa karsa mijil
Ing ngarsane Allah sumarah kanthi ikhlasing manah
Amping-amping mring hidayah-E


Panyuwun kang sun gadhang siyang ratri
Ing antarane sewu panuwuan marang gusti,bisaa…
Tresna samadya kang sumimpen ing telenging ati
Uga panjangka kang nglengkara … urip mulya bareng sira..mugi..
Tinebihna saking angen-angen lan sukma

Ana ing parenging gunung merbabu
Hangesthi tentreming ati kang kebak dahuru
Yen kinanthi hidayah-E Kang Maha Suci
Adhedasar tresna mring kluwarga..kudu bisa..
Narima ing pepesthen kang wus ginaris ..nadyan…
Impen adi muspra katerak prahara






















BEJA

Nalikanira ngersakaken wewarah,tumrap…
Obah mosiking panggraita,bisaa…
Nuladhani mring sakehing kautaman,uga…
Ora nalisir saka paugeran lan pranatan


Sinawung ing pakaryan gung
Utaminipun ing bebrayan
Hamung hangesthi tentreming kluwarga
Anungjul mring Kang Maha Kuwasa,jalaran…
Rumangsa sawijining titah lumprah,kang dudu bisa..
Narima ing pandum uga…
Ora cidra ing janji



Oleh kak Nono

Tidak ada komentar:

Posting Komentar